Layang Setrum saka Ndesa (1)

Indonesia Sinawang Saka Nglaran

Ater-ater:

Layang iki ditulis ing saweneh padukuhan kang adoh saka kantor desa; kang adoh saka kantor kecamatan; kang adoh saka kantor kabupaten; kang adoh saka kantor gubernuran; kang adoh banget saka Jakarta. Senajan ta amung isi panguneg-uneg, panggresah, pangudarasa, panjerit, lan angen-angen kang kala-kala kaladuk ngalantur, satemene uga sinurung pangangkah muga-muga bisa melu ngganepi gegambaran kang wutuh ngenani Indonesia Raya.

Nglaran iku saweneh padukuhan utawa dhusun kang kebawah Desa Cakul, Kecamatan Dongko, Kabupaten Trenggalek, Provinsi Jawa Timur. Mesthi wae isih klebu wewengkone Negara Kesatuan Republik Indonesia. Angger wis ngarani Indonesia, gegambaran ing angen-angen bisa wae dikebaki rekaman panyawang langsung apadene kang kerep dijereng ing televisi: Jakarta kang ora tau mentas saka prakara banjir, kutha-kutha gedhe kang ora tau leren, ora tau turu, kang samubarange lumaku rikat.

Tan wurunga, bab kang mengkono banjur dadi salah sijine sumber panganggep, pikiran, lan tumindak kang kurang utawa malah ora adil: ndesa iku bodho, ora kekinian, katrok, mlarat, prengus, lansapiturute. Sangsaya ndrawasi yen panganggep lan laku ora adil iku mbrentek nganti nyumrambahi para paraga kang nyekel utawa melu nyekel bang-bang pangalum-aluming praja: kang wenang gawe kebijakan/program, kang melu gawe aturan, undhang-undhang. Kamangka, mbokmanawa kang kaya mengkono iku wus kelakon wiwit dhek biyen embuh kapan presise, kang sangsaya mrene sangsaya nemen.

Mula, kala-kala kaya karasa manawa satemene sesambungan antarane desa lan kutha kuwi sairip karo tikus kalawan ula. Iki ora urusan karo sifat-sifate jalma kewan loro kuwi, nanging ngemungake kanggo nggambarake sesambungane, yakuwi antarane sing mangsa lan sing dimangsa. Kutha, wiwit sing cilik nganti sing gedhe wis nyaplok desa-ngadesa, nganiaya lair lan batine. Apa titikane?

Ing Nglaran prasasat ora ana kulawarga kang salah siji, loro, utawa luwih anggotane ora lunga menyang kutha luru pangupajiwa. Ana kang dadi buruh bangunan, dadi babu, sopir, bruh pabrik, lan liya-liyane. Kang mngkono iku dumadi amarga njejegake kendhil ing desa rekasane tenanan. Tegal lan sawah sangsaya mingkus, sangsaya cengkar. Kamangka kabutuhan sangsaya dina sangsaya mundhak. Bocah sekolah sangsaya kemragat. Pendidikan gratis? Iku mung iklan! Nyatane, upamaa SPP wis dihapus, tarikan liyane malah sangsaya akeh, sing urunan kanggo piknik, urunan kanggo tuku komputer, dhuwit sragam, lan sapiturute.

Tur ta, kang sekolahe sangsaya dhuwur dhuwite uga melu disedhot kutha. Yen isih SMA saora-orane kutha kecamatan, yen wis kuliyah akeh-akehe nyang kutha provinsi. Kang kuliyah, dhuwite, padha dene disedhot kutha saka ndesa. Mengko yen lulus kuliyah, prestasine becik, banjur padatane enggal entuk pegaweyan ing kutha. Lho, rak dicaplok kutha maneh? Desa kebageyan apane? Mung kari ampas. Mangkono uga kang budhale saka ndesa niyat golek pegaweyan, yen wis sukses ing kutha adhakane ya sok banjur kecanthol rabi karo wong kutha, utawa karo wong ndesaa ya banjur diboyong menyang kutha, omah-omah ing kutha. Lemah warisan ing ndesa uga banjur kadol, diboyong menyang kutha.

Desa, tanah wutah dharah, bumi kelairan, entuke apa? Mung kari ampas. Akeh randha tuwa, dhudha tuwa, padha kapiran. Akeh wongtuwa nandhang kasepen amarga anak-anake kang wis padha mentas malah sumebar urip ing kutha-kutha. Mung yen dina riyaya kabeh padha teka. Oleh-olehe ora sepiraa, nanging angger bali menyang kutha apa-apa digawa: kacang, buncis, lombok, pete, alpukat, manggis, duren, lan liya-liyane. Kang nggawa mobil bagasine dikebaki. Kang numpak pit montor bali menyang kutha nggandholke anak lan bojo isih ditambah oleh-oleh ngrenggunah nganti kaya atraksi sirkus.

Angger bubar dina riyaya, para mbaureksane kutha-kutha gedhe, mligine Jakarta, padha ngelu ngrasakake banjir manungsa saka desa. Akeh kaum mudhikin (kang padha endhang desa ing dina riyaya) baline ngajak anak, ponakan, tangga, murih bisa padha enggal cekel gawe ing kutha. Mangkono iku dadi prakara rutin saben taun. Mula, kahanane banjur sangsaya njomplang. Jakarta malah nganti nulak-nulak, nundhung para padunung anyar katon. Iku rak ya mirip negara manca kang ndheportasi pendatang gelap, ta?

Yen ditlusur, mbokmanawa prakara-prakara kang kaaturake kuwi mau salugune saweneh tandha manawa kanga ran adil pranyata durung bisa jejeg tenan ing bumi kang dicandra gemahripah lohjinawi iki. (ana candhake)

Artikel Baru

Artikel Terkait