Wektu iku wis ngarepne sasi pasa, senajan ndhak tau salat limang wektu, akeh warga padhukuhan kono sing gelem pasa lan traweh. Ing wiwitane wulan Ramadan biasane masjid sampek nulak-nulak jamaah saking akehe wong sing dhemen traweh. Wong-wong padha nduweni anggepan manawa pasa tanpa traweh kuwi ndhak sah. Traweh iku yen ora jamaah ya ndhak kenek.
”Iki kalodhangan kanggo ngenekne jamaah traweh dhewe ana omah,” mengkono batine Brata.
Wiwitane, maratuwane ndhak pati setuju. Mbok menawa pancen durung siap dadi santri. Nanging, akal kancile Brata rodok mlaku. Maratuwane iku dhemenane rak dinggonke ngarep, terus senengane nyekel mic. Sebab biasane lek wayah ngajatne tingkeban, sing biasane cukup setengah jam, iku lek dicekeli MIC bisa rong jam. Dadi maratuwane dikoyahi dhisik yen ing trawehan iku, mengkone bakal oleh akeh kalodhangan nyekel mic. Brata ya kandha yen niyate arep nyilih pengeras saka PCM. Alhamdulillah Mbah Dasiya manut.
Brata ya duwe unggah-ungguh, wong-wong sing biasane traweh ing mesjid gedhe ya padha disowani. Perlune dilapuri manawa dheweke sakulawarga bakal nggelar trawehan dhewe, supaya uwong-wong dadi santri, terus gelem Jumatan nyang mesjid. ”Otomatis rak mengke saget nambah infak,” mengkono kandhane Brata. Nanging, iku luwih-dene mung dhapur pawadane Brata, kanggo ngunci lambene takmir amrih nyetujoni kekarepane.
Pranyata takmir masjid setuju banget. Nanging sowane Brata iku ya dikancani maratuwane lan karo nggawa bungkusan sarung merek Gajah Duduk anyar siji, tas le njaluk sarung turahan dum-duman saka mesjid Al Askar. Sarung iku diwenehake dhisik sakdurunge jagongan.
Ramadan wis teka. Taun iki kebeneran pasa lan riayane bareng. Persiapan pembukaan trawehan kenek diomongne apik, senajan sore mau, saking repote Brata, pitike sampek kelalen rodok kasep makani. Tangga-tanggane semangat banget, malah padha nyilihi klasa lan karpet.
Traweh wolu apa rongpuluh rokaat ora masalah. Kanggone wong-wong ngono kuwi sing penting bisa kumpul wis dha dhemen. Traweh kuwi apa, ya ra ngerti. Pokoke lek pasa iku usume traweh, lek bada usume badan, lek duwe kajat usume ngobong menyan. Iku miturut kebiasaan sing uwis-uwis.
Wayah wektu isya’, tangga-tangga wis padha teka, uakeh, sak cindhil-abange padha dijak. Enek sing durung tau weruh blas sing jeneng traweh kuwi piye.
Brata miwiti adzan Isya nggunakake pengeras mini le nyilih saka PCM Sukolodho. Suwarane Brata buanter mirip suwarane bekisar sing dadi pemenang kontes Kab. Sukoarum zaman bupatine Pak Yadimun.
Bar adzan Brata nata barisan, sing jejer ngarep dhewe wong lanang tuwa-tuwa, sing lanang rodok enom mburine, terus mburine meneh barisan bocah-bocah lanang, terus mburine meneh barisan bocah cilik sing wedok-wedok, terus barisan prawan-prawan, dheretan mburi dewe barisan wedok-wedok tuwek.
Wis mapan kabeh, nuli Yang Terhormat Bapak Maratuwa (Mbah Dasiya), selaku sesepuh diaturi paring andharan. Gen rodok keren jenenge Mbah Dasiya karo Brata ditambahi Muhammad. Dadine Muhammad Dasiya.
Pranyata wektu iku dadi hari kebahagiaan–e Mbah Dasiya, bisa nyekel mic rodok leluasa, pidato neng ngarepe wong akeh. Muarem atine. Tentrem uripe. Hemmmm…
Sing diomongne Mbah Dasiya ing ceramah pembukaan, kanthi semangat makantar-kantar, yaiku bab wigatine megengan.
Wadhuh! Saknalika dhadhane Brata kaya dicekrok. Sedyane arep ngilangi tahayul malah maratuwane nguripi tahyul. Atine kaya dislomot. Kupinge kemropok kaya rambak kecemplung lenga umob.
Arepa kepriye, Brata kudu kuwat, aja nganti misi sing dirancang remuk neng tengah dalan. Kudu ngakeh-ngakehne olehe istighfar.
Lan terus ndonga, muga-muga penyelenggaraan traweh ing ramadlon iki lumaku kanthi lancar.
Dina candhake pitike Brata gering telu. Terus akeh sing ngenthat ora gelem ngendhog, merga wingi telat makani ditinggal ngurusi trawehan. Nanging isih ketulung. Iku prekara sepele dibandhing gegayuhane ngadegake Ranting Muhammadiyah ing lingkungane. (anacandhake)