Kegiatan salat traweh ing Padukuhan Sukalunga, sing manggon ana omahe Mbah Dasiyo, sing dipimpin dening mantune sing jenenge Brata, wis bisa lumaku kanthi lancar. Senajan enek uga sing gremeng-gremeng,”Kok ra padha karo mesjide Mbah Shomad… trawehe Brata centhak-centhuke luwih thithik, terus alon-alon…” Enek maneh saka bocah enom sing wis kulina traweh neng mesjid gedhe, ”Trawehe ndhak serem!… Ora eneng bengok-bengoke, ora enek sali ngaleh shali ngalih-e!”
Sekabehane rerasanan iku mau ora perlu ditanggapi, sing perlu waspada iku yen ana rerasanan sing ngemu provokasi. Nanging, alhamdulillah ora ana. Berarti dakwahe “moouluus”.
Sakbare dicontoni ngumandhangake adzan ing traweh sepisanan, sesuke Brata ngumpulne cah cilik-cilik sing kira-kira wani adzan. Enek kira-kira bocah telu. Terus dijadwal. Nanging, sakdurunge dibriefing dhisik. Ngene olehe mbrifing Brata.
”Le, yen bar adzan ora usah nggawe nyanyi-nyanyi utawa ura-ura, kaya neng mesjide Mbah Shomad, sebab lek suwaramu elek, iku mengko dilokne uwong. Mesakne kabeh sing traweh katut elek. Sakbare adzan, iku wektune wong padha salat sunnah, utawa wong-wong padha donga, lha lek diisi ura-ura, mesthi padha keganggu, wusanane ora sida salat sunnah utawa ndonga, sampeyan sing dosa.”
”Terus diisi napa ta Pak Brat lek ngoten?” salah sijine bocah sing ketoke pinter takon.
”Ya rasah diisi apa-apa, kabeh padha ndonga cundhuk karo pepenginane dhewe-dhewe, sampeyan ya ndonga!” wangsulane Brata.
Sepuluh dina wiwitan, omahe Mbah Dasiya kebak mencep jamaah kaya mbledhos-mbledhosa, apa maneh yen wayah muni, ”Aaaamiiin …” rasane nyang kuping kaya ilang-ilanga. Ditambah maneh suwarane bocah-ocah cilik, wayah salat pating cekikik, klebu bocah tuwek barang ya enek sing cekikikan. Pancen ya enek sawetara wong sing neja ndadeake salat traweh iku kanggo geguyonan.
Terus enek bocah sing panggah nangis, awit salat Isya’ sampek witire bar. Nganti enek jamaah tuwek wedok, kira-kira mbahe bocah sing nangis kuwi; sinambi salat iku nyeneni mboke bocah, ”Nyatu sore maeng ora kok dulang, ya nangis ae…!”
Neng sap ngarep dhewe, ana wong lanang tuwek, pas lagi salat iku ujug-ujug noleh nyang mburi karo ngomong, ”Anake sapa lo kuwi ra di eneng-eneng…!” Bar ngono mbalik nerusne salate.
Ana maneh jamaah wedok tuwek, lagi salat iku tolaah-toleh ndeloki uwong sapa sing salat, karo gremang gremeng ngene, ”Sak padhukuhan sing ndhak teka mung keluwargane Nek Siyem….!”
Rena-rena tingkahe jamaah. Nanging, sekabehane iku mau krana pancen saking awame jamaah, tur ora tau ana pembinaan.
Batine Brata ya mangkel ndelok kahanan traweh jamaahe. Umpama enek muballigh PCM kok weruh, kira2-kira jan nyonyor Brata. Klakon dibidengah-bidengahne tenan. Nanging, dikaya ngapa iki lahan garapan kanggone Brata. Hehe….! (ana candhake)