Srengenge Cumlorot ing Sukalunga (4)

Alhamdulillah, trawehan sing digelar Brata ing omahe maratuwane wis ngancik traweh malem 11. Jamaah wis saya tumata, merga wong-wong sing trawehe mung jajal-jajalan wis padha leren. Waleh.

Arep nyandhak malem 21, Kek Dasiya ngotot ngusulne maleman pokoke, kaya ing mejide Yai Shomad, nggawa ladha, dijadwal nggawe omongan: saben pendhak malem ganjil sing nggawa ladha iki, iki, iki. Mbokmenawa supaya Kek Dasiya oleh kalodhangan maneh nyekel mik saperlu ngajatne (pancen hobi-ne ngemut mik).

Brata ora berkutik, batine ora setuju blas. ”Uwong sing dipentingne kok panggah badhogane wae!” ngono batine Brata. Nanging usul durung dijawab karo Brata, iku wis disetujui jamaah lan diputusne secara sepihak karo Kek Dasiya. Terus wong-wong langsung ngatur dhewe gilirane. Pranyata ketemune saben malem ganjil ladha pitu. Kadang ya luwih, merga enek wong mudhik sing nambahi. Uiii…!!

Pokoke jan mewah tenan. Saben-saben malem ganjil, banjir ladha. Lan nalika pas ladhanan iku jamaah mbludak maneh. Bocah-bocah  sing awane wis ndhak gelem pasa, wayah akeh ladha padha rame-rame melok traweh sinambi guyonan cekikikan.

Wadhuh, atine Brata rasane pegel kaya arep dibar-barna trawehane. ”Ndahneya yen pas ngene iki enek Yai Ilham utawa Mbah Yai Darmadi ngono,  wis embuh pokoke piye olehe ngarani trawehanku. Wadhuh…! Kira-kira Islamku ki neng ngendiiii……! Ndhak jelas ? Duh Gustiii….; mugi Panjenengan paring pangapunten…”

Nyandhak wayah riaya, disetujoni omahe Mbah Dasiya kanggo takbiran sakhalate Id pisan. Karepe Brata, ya ora pas yen salat Id neng njero omah. Nanging,  lek ora diladeni eman-eman, terus arep digawa nyang lapangan ya lapangan ngendi?.

Pengine diundangake Khothib saka PCM. Nanging, sejene akeh sing padha macak repot nalika iku, Brata dhewe rumangsa sungkan, mengko gek dilokne, lha wong salat Id kok neng njero omah. Apa ya sah? Apa meneh lek Yai Topik, lek ngelokne mesthi thok ngok ngono kae.” Ngono batine Brata.

Wusana awit sing ngatur acara, sing dadi Khothib, sak imame pisan dirapel Brata dhewe. Dene Mbah Dasiya, awit jam lima esuk, iku sing diilang-iling terus panggah wong nggawa ladha wis teka pira.

Rampung  nindakne salat Id, iki bageyane Mbah Dasiya minangka sesepuhe kejawen. Wis kumpul ora kurang saka selawe ladha. Rame pol. Mungguh Kek Dasiya, yaiku ukuran keberhasilane ngamalne Ramadan.

Nanging senajan sik cethek kaya ngono, Brata tetep syukur.

Alhamdulillahi robbil ‘aalamiiin, gelaran trawehan kang dipungkasi salat Id wis rampung kanthi kekurangan-kekurangane sing isik akeh.

Muga-muga iki bisa dadi bibit syiare Islam ing sakteruse.

Brata ngecek jumlah pitike, wis ana sewu luwih. Sasuwene wulan Pasa nganti Riyaya sing dibeleh wis rolas. Digawe ngubyugi wong-wong ngge maleman, karo riayan. Nanging ndhak masalah, awit pitik-pitik sing dibeleh iku wis ndhak produktif maneh. Lan sing produktif sik akeh. Allohumma…..amiin!!!

Brata ancen… (ana candhake)

Artikel Baru

Artikel Terkait