Nek wis diarani wedang, kang dikarepake ing Nglaran kuwi ya wedang kopi. Yen omben banyu jahe senajan isih diarani nganggo tembung ’wedang’ biasane njuk ditambahi ’jahe’ dadi ”wedang jahe.” Liyane: wedang jeruk, wedang teh, lan sapiturute. Pokok angger mung disebut wedang, kang dikarepake mesthi: wedang kopi. Geneya kok ora diarani ’kopi’ ngono wae? Lha, rak kang disebut kopi kuwi bakale, woh kopi, kang sawuse dipepe garing, digoreng, njuk digiling utawa dideplok dadi bubuk.
Sok ing pagelaran ludruk ana guyonan nalika kang dhapuk dadi batur utawa rewang dijaluki ’kopi’ dening bendarane, njuk semranthal lan bali nggawa isi kopi kang isih mentah kae. Nalika dipaido bendarane, batur kuwi ya ngeyel, lha bendarane mau le dhawuh ’kopi’ dudu ’wedang.’
Tumrap wong Nglaran, mbokmenawa uga ing desa-desa liya, wedang kuwi nyata-nyata nuhoni keratabasane: ngawe kadang. Sok sapaa wae angger diarani dhayoh, apa wong adoh apa mung gandheng tritis, meh mesthi entuk suguhan wedang. Yen ora ana cemilane, kang duwe omah adhakane ngomong mengkene sambi nyuguhake wedang kuwi, ”Iki wedang kendel, ora ana kancane.”
Nganti teka jaman puskesmas lan mantri kesehatan mlebu desa, ora nate tumon wong medhayoh kang banjur nulak nalika disuguhi wedang. Banjur ana wong kang nalika urusan karo mantri kesehatan utawa dhokter njuk dikrenahi supaya ngurangi utawa nyegah wedang (kopi). Mbaka sithik selot tambah cacahe wong kang leren ngombe wedang. Yen olehe medhayoh mung sagutheg tangga cedhak, wong-wong kuwi wis diapali kadidene antiwedang. Banjur ana tatacara anyar, yen dhayoh anyar katon, sadurunge disuguhi biasane ditakoni dhisik, apa mantang wedang kopi apa ora. Ana kang milih teh, ana kang nyuwun supaya disedhiyani banyu mateng tanpa gula.
Biyen, ing papan kajatan utawa wong duwe gawe, ajeg ana, biasane wong lanang, wong telu utawa luwih, kang mligi ngracik wedang lan gawe pasedhiyan banyu mateng. Biasane uga digawekake pawonan kanggo ngumobake banyu, kang misah saka pawonan kanggo adang lan kelan.
Ing kajatan, saben tamu bakal nampa omben rong ambalan. Kang disuguhake dhisik biasane wedang. Mengko bareng karo nyuguhake rames lagi diwetokake omben kang mung wujud banyu mateng tanpa gula. Nut lakune jaman, sairing karo selot akehe wong kang mantang wedang, urusan wedangan ing kajatan dadi mundhak ribet. Apa sinomane kudu nakoni saben dhayoh, ”Mangke unjukanipun kopi punapa teh?” Bisa meniren tenan lambene kuwi ngko! Lah, ndilalah kok njuk teka jaman plastik kang dianggep bisa ngrampungi prekara kuwi.
Pranyata, prakara Si Anu ngombe wedang kopi apa wedang teh kuwi bisa diendhani sauger pasedhiyane mung sawerna: banyu mateng. Malah nyatane wong saiki padha milih gampange, tuku banyu gelasan plastik saka toko. Ing Nglaran, saiki wis ora ana suguhan wedang ing kajatan. Suguhane omben ya banyu olahan pabrik kang diwadhahi gelas plastik kuwi.
Yen digagas pancen ya rada gawok. Ingatase wong gunung, kudune luwih cedhak sumber banyu, kok malah tuku banyu saka kutha. Ana kang ora usah tuku kok milih sing ndadak tuku. Jalarane ya mung merga praktis-e kuwi. Ora prelu ndadak nyepakake lan ngresiki gelas dhewe. Yen prakara kuwalitas, wus dibuktekake nganggo alat TDS Meter, banyu sumber saka bumi Nglaran kuwi banget luwih apik tinimbang banyu weton pabrik. Banyu sumber asli Nglaran TDS-e 0,40. Mangka, banyu saka pabrik ing botol utawa gelas plastik kuwi angka TDS-e bisa 50 munggah. Sangsaya dhuwur angka TDS-e sangsaya ala, merga kang diarani banyu murni kuwi TDS-e 0 (nol).
Saiki, anger ana acara wong ngumpul, kaya ta: arisan, yasinan, tahlilan, nganti duwe gawe gedhen, wis kena dibadhe, ombene bakal nggunakake banyu gelasan plastik saka pabrik. Mengko acarane bubar, gelas plastik bakal mblasah ing sadhengah papan. Ing desa, wong kang ukil nglumpukake barang-barang klebu rongsokan saka plastik kuwi isih arang. Anaa ya wong siji loro, lan nyatane angger gelem blusukan turut mburi omah, turut got, kalen, mengko rak bakal nemokake larahan plastik kang sangsaya suwe sangsaya akeh. Saperangan banjur keli katut iline banyu, menyang segara, saperangan maneh kabulet lemah walet ing mangsa udan. Satemene, iku prakara gedhe!*