cloroting surya

Nom noman iku jenenge Brata, umure selawean taun, nanging wis dhemen karo Muhammadiyah lan tansah melu pengajian rutin. Senajan dudu anake wong Muhammadiyah, nanging jiwa Muhammadiyahe Brata ngalah-ngalahne anake wong Muhammadiyah dhewe sing kadhang-kadhang malah ora sudi melok kegiyatane Muhammadiyah.

Saiki Brata dadi mantune wong desa kesa-kesa sing  jenenge Mbah Dasiya. Biasa diceluk mbah, merga kulinane ngajatne genduren ing padhukuhan iku.

Anake Mbah Dasiya pancen ayu senajan ora pol, nanging awake gedhi rada ndebeg. Mbok menawa ya iku sing marakne Brata kecanthol. Maklum selawase ora tahu pacaran, dadi weruh sing model ngono wae sinyale wis tajem.

Ana kono Brata durung duwe kanca setugel-tugela sing kenek dijak ngomong agama, apa meneh  ngomong Muhammadiyah, blas ora enek sing nylendher. Sejene iku Brata dhewe ya durung duwe pegaweyan maton. Nanging, Brata iku pinter, senajan neng sekolahan biyen kalebu ndablege pol.

Dheweke sing isih kerep mangani berkat gendurene maratuwa, cepet-cepet bisa maca kahanan, kira-kira usaha apa sing paling cocog lan piye carane bisa ngedekne Ranting Muhammadiyah ana lingkungane maratuwa. Uuu….ihh!!

Sawise suwe anggone mikir, Brata banjur matur maratuwane saprelu dijaluki panyengkuyung. Uga matur menawa pengin ngingu pitik ndhog-ndhogan, timbangane lunga menyang Malaysia. Mesakne bojone sing lagi meteng.

Wiwitane maratuwane Brata pengin mantune dadi wong rantau kaya umume nom-noman lingkungan kono, amrih ndang oleh dhuwit. Nanging, bareng krungu katrangane Brata sing lambene lunyu, wusanane manut apa jare Brata.

Bismillah…. Brata nuli enggal pamit lunga  menyang Kab. Jabatar sakwulan, saperlu ngangsu ilmu perpitikan menyang P Siswoyo, Ketua PDM Jabatar sing kabare wis kasil usahane pitik ndhog-ndhogan.

Alhamdulillah, ora muspra, sesasi blotheh neng kandhang pitik kanggo golek ilmu sing manfaat.

Sasuwene srawung karo Brata, Pak Sis dadi ngerti yen Brata iku kader-e Muhammadiyah sing gamben.  Nuli, nalika arep pamit, alhamdulillah Brata dipawiti  kuthuk cacah seket kanggo miwiti usaha ngingu pitik ndhog-ndhogan ing desane.

Tekade Brata wis gilig tenan. Senajan sok diseman-semoni mbok maratuwa nalika asile durung ana, Brata ora ngreken. Saben bengi ajeg tangi saprelu tahajjudan lan nyambangi kandhang pitike. Ngelmu saka  Pak Sis ditrapake tenanan. Brata ngreti, yen ora kasil bakal nanggung rasa isin marang Pak Sis  sing wis maringi pawitan. Brata uga kepingin nyontoni masyarakat menawa usaha iku pranyata bisa kasil senajan ora disambung tuwuh kaya umume wong-wong desa (kutha kadhang luwih nemen). Kandhang pitike ya digawe kaya modhel kandhang pitike Pak Sis, panggawene diayahi dhewe amrih ngirit wragat.

Nganti wayah ngendhog pitik seket iku sing mati mung loro. Alhamdu…lillaah…

Usahane Brata selot suwe selot ngrembaaka, senajan statuse dheweke isih pengusaha M3 (mangan melu maratuwa). Senajan ngono, ing kahanan dadi jongose pitik, Brata isih panggah melu pengajian cabang sing dohe ora kurang saka 10 km. Rumangsane urip iku saya ora jelas lamon ora sering melu pengajian ing Muhammadiyah.

Brata duwe gegayuhan adeg ranting neng lingkungane, nanging piye carane? Warga desa kabeh wong abangan kejawen. Maratuwane tukang kajat genduren, sing salate wayah riyaya thok. Yen Brata kepingin salat jamaah nyang mesjid wae, adohe eram, iku wae jamaahe santri tuwek. Aturan jamaahe ya modhel biyen, sap-e benggang-benggang, salate sedhiluk, nanging wiridane duawa karo mbengok-mbengok. Terus yen oleh ganjaran thithik wae langsung dikirimne nyang wong mati. Kirim Fatihah nyang mbahe sing wis mati, nyang Syeh Abdul Kadir Jaelani, nyang pepundhene desa, malah sapi meteng iku dikirimi fatihah.  Anehe tokoh-tokoh Muhammadiyah Sukoarum sing wis seda ora tau enek sing dikirimi Fatihah, mbok menawa dianggep luwih aji sapi meteng. Hehe…. (ana candhake)

TINGGALKAN KOMENTAR