Usahane Brata ngingu pitik ndhog-ndhogan sangsaya maju, krana olehe tlaten anggone ngucel-ucel pitik. Saiki Brata wis duwe pengasilan maton, wis ora gumantung maneh marang “sega berkat” saka maratuwane asile mandhegani proyek genduren. Malah kosokbaline, maratuwa lan adhik-adhik ipene sing malih gumantung marang Brata. Kulawargane Mbah Dasiya dadi karyawan tetape Brata kabeh. Lan sing paling ndhemenake maneh tumrap Brata, yaiku maratuwa lanang wedok ws gelem salat 5 wektu, senajan embuh piye ganthane olehe salat.
Tangga-teparo ya wis akeh sing padha ngelem marang Brata. Malah ana sing miwiti niru, nindakake usaha kang padha, yakuwi ngingu pitik ndhog-ndhogan.
Kejaba kuwi, anggone Brata wani nggelar trawehan wulan Pasa wingi ing omahe maratuwane, ndadekne pamore Brata ing masyarakat uga saya mundhak mencorong. Umpama Brata pengin magang presiden ngono, iku bisa dadi pencitraan luar biasa.
Nanging, mungguh Brata jeneng apik kang lagi ndedel kala-kala bisa uga malah dadi godha sing abot. Sebab nyatane saben enek wong genduren, Brata kedhapuk kon ndongani. Dadi, maratuwane sing ngajatne, mantune sing dongani. Byuh! Pengine ora sah mangan sega berkat malah oleh rong bageyan. Malah wis dadi sugesti ing lingkungane, lek ora Brata sing ndongani ora marem, merga dheweke iku wis dadi imam traweh. Miturut anggepane masyarakat, sing diarani tokoh agama iku ya mesthi bisa ndongani genduren, yen ora gek agama apa iku? Senajan donga sing digawe Brata iku bolak-balik ya donga arep mangan karo donga sapu jagad.
Mesthi wae apa sing ditindakake Brata iku jelas ora cocog blas karo apa sing ditampa nalikane wayah pengajian rutin neng Muhammadiyah, apa meneh lek sing ngaji P Ilham, Mbah Darmadi, Mbah Muhri, walah wis ora oleh nggon blas. Apa maneh Yai Akur! Biyuh!! Na… lek sing ngaji Mbah Yai topik baru, wong-wong sing sikape mapah gedhang iku sik oleh hawa longgar.
Nanging kaya ngapaa suwara pedhes sing lumebu kupinge rikala pengajian, insya–Allah ora bakal ndadekake Brata pukles, malah bisa nyurung amrih dheweke terus sregep ing pengajian, awit iku mau dadi gocekane Brata kanggo ngendhaleni kiprahe dheweke ing masyarakat.
Kanthi laku mapah gedhang iku mau Brata dipercaya masyarakat. Nyatane wis wiwit enek bocah enom sing takon-takon perkara agama. Lha, yen marang bocah enom ngene iki Brata kudu terang-terangan dhakwahe.
”Ngene lo cah, sakjane genduren, slametan, iku dudu ajaran Islam. Iku mono sumbere saka Hindhu, dadi awake dhewe iki isik kejajah karo ajaran Hindhu,” ngono pituture Brata marang bocah-bocah.
Bocah-bocah saiki pranyata ya pinter-pinter. Enek sing takon ngene, ”Lha lek ngoten sampeyan kok tasik ndongani acara sing salah ta Pak?”
“Sakjane sing taklakoni iku ya durung pener lo cah, tapi yen aku terus ndhak gelem ndongani, iki ngko wong tuwa-tuwa kuwi malih ndhak seneng karo aku. Lha, lek wis ra seneng, akhire apika kaya ngapa omonganku panggah ra percaya. Mulane jaman tuwek-tuwekane sampeyan mbesuk, kudu enek target menawa ngono-ngono kuwi kudu wis ilang,” ngono wangsulane Brata rada ngeles.
Pancen lek dipikir kahanane Brata banget ngewuhake. Yen ora jejeg niyate bisa gampang pukles. Nalika ana ing masyarakat lingkungane dituntut kanggo nindakne prakara-prakara sing ora cocog karo prinsip atine, nanging nalika ing pengajian Muhammadiyah dheweke dimusyrik-musyrikne dening kancane lan muballigh-e.
Umpama Brata kuwi mentale ndhak tumata, penake pukles ae. Pukles saka lingkungane, utawa pukles saka Muhammadiyah. Kari milih. Hehe! (ana candhake)