Layang Setrum saka Ndesa (2)

Tani lan Wiraswasta KTP

Keh-kehane wong desa kuwi urip saka olah tetanen. Nenandur, lan ngingu kewan: pitik, wedhus, sapi. Yen ana pegawai negeri: guru, mandhor alas alias polisi hutan, pamong praja, cacahe ora sepiraa. Prasasat mung kena dietung nganggo driji. Nanging, racake olehe padha olah tetanen lan ngupakara ingon-ingon ya ora nyepirani. Asile ya ora ndayani. Tegal lan/utawa sawahe ora jembar, tur sangsaya cengkar. Arang banget kang duwe lahan garapan nganti sahektar, apamaneh luwih saka kuwi. Kamangka, sangsaya suwe lahan kuwi sangsaya ciut amarga diedum-dumake marang ahli waris, lan mengkono sateruse. Mbesuk mesthi bakal nemahi, arep gawe omah wae kangelan papan.

Wektu iki prakara kekurangan lahan garapan kuwi disupak dening Perhutani kanthi program Pengelolaan Hutan Bersama Masyarakat. Dusun Nglaran kang kapit alas kabeh wargane entuk bageyan. Nanging, lemah alas kang panggarape didum-dumake marang para warga desa kuwi dudu lahan kosong. Wis ana tanduran pokok-e, yakuwi pinus. Mung, tanduran pinus kuwi ora warata, nanging dlemok-cung. Ana warga kang keduman lahan kang kebak wit pinus, bareng pinuse wis gedhe-gedhe lemahe dadi iyom, ngisore prasasat wis ora metu apa-apane.

Mengkono uga ing bab ingon-ingon. Ing kene ora ana sedulur kang sapine nganti ganep sepuluh, kang wedhuse ngliwati cacah satus. Ana kang bakal ngingu ayam potong nganti ewon, nanging nalika tulisan iki digawe kandhange lagi disengkut panggarape. Embuh mengko yen kandhange wis dadi, pira cacahe pitik kang kamot ing kono.

Tanine kaya ora tenanan, ingon-ingon ya mung kaya kanggo samben. Asile ya sok kaya guyon. Nandur jagung entek wragat rong yuta repis, lagi lekas metu jantene ludhes keterak barat mangsa pitu. Wurung panen jagung, sidane panen ramban. Wong lanang kang isih rosa kepeksa ninggal anak lan bojo, keplayu menyang kutha dadi kuli bangunan utawa golek buruhan menyang kebon sawit ing nggir kana segara.

Apa kadang tani ing padesan padha ora kepengin dadi wong tani lan/utawa dadi peternak kang sukses? Kuwi padha karo pitakon: apa sampeyan ora kepengin urip bagya-mulya? Nanging, iku kabeh mau mbutuhake lahan sarta pawitan kang cukup. Kamangka, senajan wis direwangi adus kringet, niba-tangi, gulung-gemak saben dina, asile prasasat mung wareg dipangan sagedhagan.

Luwih-luwih jaman saiki, kabeh urusan sarwa mawa dhuwit. Bocah sekolah sangsaya kemragat. Yen bocah biyen trima lulus SD, saiki apes-apese kudu tamat SMA. Kamangka sekolah gratis mung ana ing ungsum kampanye, ing umbluge para macung: bupati, gubernur, presiden. Nyatane, enteke dhuwit sangsaya akeh: sangune saben dina, tuku buku, klambi sragam, sepatu, tas, tarikan ini tarikan itu ora ana lerene.

Saiki angger omah uga kudu dilamponi listrik. Yen mung dipanjeri ublik ing wayah bengi, mengko rak dikira kuburan! Mbayar listrik kudu saben wulan, ora kena nunggak. Yen nganti nunggak listrike dipithet. PLN ora urusan karo aratan, gabug, wurung panen.

Dadi wong tani kang tenanan saiki butuh pawitan kang ora sethithik. Semono uga kanggo miwiti usaha ingon-ingon (peternakan) kang ndayani. Pamarentah ya nyepaki bank kanthi kredit usaha rakyat (KUR). Kang dikandhakake para pejabat kaya-kayaa, ngatonake yen pamarentah gemati marang rakyate. Kamangka, kanyatane jan angil tenan. Lha, piye, bank kuwi ngretine kabeh usaha kang ditindakake nasabahe kudu ngasilake bebathen kang tundhone banjur bisa nyicil kreditane kanthi lancar. Bank ora urusan karo barat mangsa pitu, karo aratan, gabug, gagal panen. Yen pengin nyekseni kepriye kahanane satemene, coba ta, mangga rawuh ing acara arisane para kadang tani ing Dusun Nglaran, Desa Cakul, Kecamatan Dongko, kabupaten Trenggalek, kang digelar saben wulan, pendhak tanggal 25.

Kejaba lemah garapane kudu jembar, nenandur apa wae yen ora dirabuk lan ora disedhiyani obat kanggo mbrantas ama sengara bisa ngasilake panenan kang becik. Kamangka lemahe wis kadhung nyandu rabuk gaweyan pabrik. Kuwi kudu dituku. Senajan wis ana rabuk pabrik cap subsidi, tibane isih ketemu larang yen dibandhingake karo panenane. Tur, ta, among tani kuwi mapane kejepit ing antarane pabrik rabuk lan kaum bakul utawa tengkulak. Rega rabuk lan obat-obatan kudu manut pabrik, dene mengko yen tanduran wis ngasilake dudu among tani kang nemtokake regane, nanging: tengkulak.

Kanthi lemah garapan kang banget ciute lan pawitan sarwa cumpen, sejatine para kadang tani ing padesan kuwi durung pantes diarani tani, senajan ta ing KTP-ne tinulis: petani. Petani dudu, peternak dudu, bakul ya dudu. Saking olehe ora cetha kuwi, akeh kang milih ngisi kolom pekerjaan ing KTP-ne kanthi: wiraswasta. Iku ya ora wiraswasta tenanan. Mung sauger kolom pekerjaan-e ora kosong. Arep ngaku pengangguran, nyatane ya saben dina adus kringet gulung-gemak. Angel, ta? (ana candhake)

Artikel Baru

Artikel Terkait