Pekarangane Dadi Alas
Dhusun Nglaran kinepung alas. Meh tepung gelang. Lore alas, kulone alas, kidul, lan wetan uga ana alas. Meh kabeh wargane urip saka olah tetanen, senajan ta cara tanine durung bisa ngenut ajune jaman. Isih sarwa tradisional. Tur, ta, kaya kang wus katur ing layang sadurunge, lahan garapane padha cupet. Lha, ndilalah Perhutani gawe Program Pengelolaan Hutan Bersama Masyarakat (PHBM).
Mula, prakara kurang lahan garapan iku banjur disupak kanthi anane lemah alas kang panggarape dikapling-kapling marang para warga. Tegese, kanthi anane program PHBM iku banjur kesejahteraan-e para warga bisa diundhakake? Mesthine mundhak, nanging sajake isih durung kubuk. Eetungane ora kaya 2 + 2 = 4. Sababe apa? Iku kang bakal katur ing layang iki.
Dhusun Nglaran mapan ing tlatah pegunungan, lemahe kegolong cengkar. Sangsaya suwe sangsaya cengkar jalaran terasering-e keh-kehane ora diatur kanthi becik. Ladhon lan rabuk alamiah/organik saka gegodhongan utawa saka limbah kandhang ingon-ingon gelis entek katut iline banyu ing mangsa rendheng. Isih katambahan maneh, para kadang tani akeh kang seneng mateni suket nganggo obat. Macul utawa ngolah lemah kanthi alat-alat tradisional saiki wis ora kubuk. Ngentek-enteki tenaga lan wektu, tur asile saka panen ora sepiraa. Senajan ta panene apik, mengko racake ajur ing pasar amarga kaya mung tengkulak kang kuwasa mathok rega.
Ing papan pegunungan, alat-alat pertanian gaweyan pabrik, upamane traktor, angel lan kepara malah ora bisa digawe ing tlatah pegunungan. Saiki satemene pabrik wis gawe alat-alat pertanian ukuran cilik. Nanging, embuh apa sababe, durung ana kadang tani ing Dhusun Nglaran kang nggunakake. Upama sok ana bantuan peralatan saka pamarentah kanggo para kadang tani, kang uwis-uwis wujude mung alat semprot kanggo nyemprotake pestisida lan obat pembasmi gulma.
Kanthi cara ngolah lemah kang isih sarwa tradisional ngono kuwi, satemene ngupakara lahan kang ora jembar wae wis kurang bahu. Mula, sawise entuk tambahan lahan garapan saka Perhutani, kang satemene dumadi para kadang tani padha ninggalake pekarangane, ngentekake wektu luwih akeh lan luwih meres tenagane kanggo nggarap lemah alas. Sawernane tanduran kang maune dadi isen-isene kebonan utawa pekarangan banjur ditandur ing alas: klapa, gedhang, tela, kacang, kedhele, kecipir, nilam, janggelan, cengkeh, jagung, alpukat, pete, lan liya-liyane.
Racake, lemah pekarangan banjur ditanduri kayu sengon. Ibarate, kayu sengon iku sawise bibite ditandur banjur bisa ditinggal ngalih, ora mbutuhake pangupakara kang mbutuhake tenaga lan wektu akeh kaya tanduran bangsane palawija. Mengko, yen sawayah-wayah butuh dhuwit, angger wis 3 utawa 5 taun kayu sengon kuwi bisa diundangake bakul. Ora prelu kangelan negor lan ngusungi, bisa langsung nampani dhuwite.
Kanyatan kang mengkono mau bisa diwaca kadidene ora tumamane sabarang kang diprogramake dening pamarentah kanggo nyengkakake drajat kesejahteraane para kadang tani ing padesan. Katone tambah lemah garapan, nanging nyatane mung prasasat ngalih. Ora sepira mundhak produktivitas-e. Lha, sapa kae kang ajak-ajak supaya sengkut tumandang amrih bisa mujudake swasembada pangan, swasembada kedhele, lan sapiturute?
Aja kok wong Dhusun Nglaran, senajan ta Desa Cakul, Kecamatan Dongko, istingarah bakal padha kaliren yen mung ngejibke saka wulu-wetune lemah kang padha digarap. Sawahe wis meh entek disulap dadi tegalan dhek nalika jaya-jayane cengkeh. Saiki cengkeh prasasat wis ludhes kena penyakit kang durung ditemokake obate (?)
Apa maneh kang diarani intensifikasi pertanian kang digembor-gemborake wiwit Jaman Orde Baru. Ing desa, saiki ya ora ana ambune babarpisan. Negara duwe kementerian pertanian. Kabupaten duwe dinas pertanian. Nanging nyatane, wong tani kaya panggah ora duwe apa-apa. Ora duwe sapa-sapa. Gek kementerian lan dinas pertanian kuwi apa kang diurusi? (ana candhake)