Patine Kesenian Tradisional

Miturut ujare para simbah, Dhusun Nglaran biyen dadi pusat kesenian-e Desa Cakul. Maneka-warna kesenian tradhisional ngrembaka ing Nglaran: jaranan, dhadhak merak (reyog), ludruk, wayang wong, trebang, karawitan, langen tayub. Wayang kulit? Akeh warga kang padha nanggap wayang nalika duwe kajat nyunatke, mantu, utawa ngrabekke. Mung, durung suwe wae, wis jaman internet, lagi ana crita ngenani dhalang kang lair ing dhusun iki.

Kaya ngapa kondhange Dhusun Nglaran kadidene pusat kesenian ing Desa Cakul bisa katitik saka anane pepeling, ”Yen ora bisa mbeksa (nayub) aja wani-wani rabi menyang Nglaran.” Mesthi wae kang dielingake kuwi para calon manten lanang. Biasane wong duwe gawe mantu (malakramakake anake wedok) gawe rejan-rejan kanthi nanggap: jaranan, tayuban, wayang kulit, ludruk, lan liya-liyane. Iku bisa dipilih salah siji, loro, telu, utawa kabeh. Waton kuwat wragate. Yen kajat nikahan direjakake nganggo tayuban, sawise adicara dhaup penganten, padatane kang ditibani sampur luwih dhisik ya manten lanang. Bisa apa ora bisa njoget, kuwi wajib ngadeg ing papan beksa. Yen kepeksane ora bisa njoget utawa beksa ya sampure dianggo, njuk ngadeg njegreg ngenteni enteke gendhing. Padatane, yen mantene kang ketiban sampur mung njegreg merga ora bisa mbeksa, para pengrawite wis tenggap, gendhinge mung disigeg angger wis entuk sa-gong-an. Kamangka, yen manten lanang nampa sampur ngono kuwi padatane para tamu, lan kabeh kang ana ing papan pahargyan kono, klebu para juru masak lan tukang craki lalapan wedang kabeh padha kerig nyedhaki papan beksan tayub saprelu nonton kaya ngapa tandange (olehe mbeksa) si manten lanang.

Taun pitung puluhan isih sok ana grup kentrung utawa cokekan mider desa, ngamen. Saben grup kuwi anggotane wong loro utawa telu. Olehe mider desa mbokmanawa ya milih mangsa sabubare panen. Saiki? Wis blas, ora ana.

Kesenian, apa wae ta modhele, kaya ora bisa dipisahake saka panguripane wong karang padesan. Apamaneh tumrape wong Jawa, kesenian kuwi uga diarani kagunan. Tegese, bab kang migunani. Kuwi pleg karo kandhane Horace, manawa kesenian kuwi kudu nyukupi syarat: endah lan migunani. Senajan endaha yen dianggep wis ora migunani, ya bakal kesilep lan dilalekake, lan wusanane cures babarpisan.

Ing Nglaran, upamane, biyen ana tradhisi baritan kang biasane diterusake janggrungan. Beda karo baritan ing papan liya, ing Nglaran ngemungake kanggo memetri rajakaya, mligine ingon-ingon kang arupa kebo. Sawise kenduren acarane diterusake janggrungan utawa tayuban climen. Ora ana kang macak mlipis, kejaba warangganane kang ya mung tapihan, centhingan, lan klamben kebaya nganggo kuthubaru. Pengrawite menganggo kaya yen arep menyang tegal utawa sawah. Mangkono uga kang padha mbeksa. Malah, wong-wong kang duwe ingon-ingon kebo, padha kalungan utawa sabukan dhadhung, uga nganggo eklek kanggo nyengkelit arit. Kang nate takweruhi dhek kiwatengene taun sewidak sanga, janggrungan kuwi ora nganggo omben-ombenan, ora ndem-ndeman, beda karo acara tayuban ing papane wong duwe gawe mantu utawa nyunatke. Saiki tradhisi baritan wis ora ana ing desa Nglaran, jalaran wis ora ana wong ngingu kebo.

Kesenian kuwi endah lan migunani. Gunane apa? Ya werna-werna. Ing antarane ya merga saka endahe kuwi banjur bisa kanggo nyenyeneng utawa nglelipur ati. Bisa kanggo nggugah pikir lan rasa. Yen saiki akeh kesenian tradhisional kang padha ambles bumi, salah siji jalarane ya kalah pamor karo kesenian jinis anyar saka ngendia wae asale.

Biyen, prasasat angger ana acara mitoni (kanggo bayi kang ngancik umur pitung sasi) ditanggapake trebangan utawa salawatan tradhisional. Olehe trebangan wiwit jam sanga bengi nganti parak esuk. Pas ngancik wektu subuh kae, si bayi diarak nganggo trebangan menyang kali (mason) njuk diedusi. Sawuse diedusi banjur diarak trebangan maneh bali mulih. Bar kuwi lagi trebangane rampung. Kang wong tuwane kepetung sekeng kok durung bisa nyukupi butuhe kanggo mitoni nganggo trebangan, biasane mengko trebangane pas nyetauni utawa ngarotengahi.

Saiki, trebangan kena diarani wus ambles bumi. Cures. Senajan durung babarpisan. Yen ana bayi lair ya ditanggapake salawatan, nanging kang ditanggap salawatan modern. Bisa ing sepasarane, pitung bengine, ora dadak ngenteni si bayi umur pitung sasi.*

Artikel Baru

Artikel Terkait